Minggu, 04 Juli 2010

LAPORAN
CARITANE PANDHAWA LAN KURAWA


Oleh:
Joko Susilo
0920717066
PBSI
1B / II

SEKOLAH TINGGI KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
STKIP PGRI PACITAN
Jalan Cut Nya’ Dien 4a Ploso Pacitan
2010



MANUMAYASA CIKAL BAKALE PANDHAWA LAN KURAWA
leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.
Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku.
Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.
Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.
Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina.
Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.
Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.
Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari. Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.
Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka.
Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar, amarga dumadine saka dipuja.


PANDHAWA LIMA
Bhathara guru nduwe alak loro jenenge bathora brama karo bathara wisnu, jan jane anake ora mung loro. Bathara brama duwe anak jenenge bethara bremani karo Bethara Wisnu, lan sri hunon. Bremani oleh bojo Sri Hunon, duwe anak jenenge Bambang pari kenan sateruse Bambang Pari Kenan duwe anak jenege Manumayasa, skutrem, Sakri, lan bambang parasara.
Ana ing panggonan lio Basurata ( basupati, basukesti, basukiswara duwe anak loro yoiku, Durgandini karo Durgandana. Durgandini dipek bojo Bambang Parasara banjur nduwe anak jenenge Abiyasa diarani Kresno Dwipayanyana Abiyasa dadi Raja ing negara Ngastina. Prabu Abiyasa nduwe bojo loro Dewi Ambika karo Dewi ambalika. Abiyasa karo Dewi Ambika duwe anak jenenge Destro Rastro karo Dewi ambalika nduwe anak jenenge Pandu.
 Destro Rastro wiwit cilik ora sampurna / wuta. Destra Rastra nurunake dara kuru. Nduwe anak ning jumlae 100 ( anak kurawa ).
 Pandu kuwi nurunake anak Pandawa jumlae ana nurunake anak Pandawa jumlae ana lima. Bojone pandu loro
1. Dewi kunti kang nduwe anak jenenge ( Yudistira, Werkudara, Janaka )
2. Dewi Madrim kang nduwe anak jenenge ( Nakula, Sadewa )
Nalika Abiyasa wis tua. Negara ngastino diserahake anake kang tua Destra Rastra, ananging amarga Destra Rastra ik wuta oara isa mimpin pemerintahan, Negara Ngastina diserahake marang Pandu, nalika dadi raja jenenge dadi Prabu Pandu Dewa Nata




CARITANE PANDAWA LIMA
1. PUNTA DEWA ( Yudistira, Guna Tali Krama )
Dadi raja ing Ngamarta yo ing Mbatana Kawarsa bojone Dewi Drupadi anakke Pancawara, sifate Yudistira:
 Watak : angin, bumi, geni, segara, mbulan, lintang, srengenge.
 Sifat : jujur, sabar, temen, loman seneng weweh.
 Punta Dewa nalendra ing Ngamarta, cinta kapura,
Punta Dewa sifate loman banget nate ono lakon wayang Prabu Punta Dewa dijaluk getie putih terus marang sira diwenehake, anbanging ora mati nanging malah malih dadi buta gedhe yoiku jenenge Aji Ginem.
2. WERKUDARA
Nduweni kastrian ing Njodhipati, nduweni aji – aji kuku panca naka uga pusaka gada rujak polo. Watakke jujur, jejeg, rawe-rawerantas malang-malang putung wani mbelani kang bener. Werkudara swijine urip manut marang guru. Gurune yoiku pendita Durna guru Pendhawa lan Ngastina. Ananging bocah Pendhawa karo bocah Ngastino apik-apik bocah pendhawa.
 Pendawa:
1. Manut kabeh marang gurune
2. Seneg tirakat ( jejeg,madep, mantep ngibadae )

 Ngastina :
1. Ora manut marang gurune
2. Seneng angkara murka, lan molimo
Buktine yen dewa nurunakke wahyu ning nompo mesti raden Janaka utawa raden Abimanyu. Andeng asile apik Pandawa. Sengkuni maido marang Durna nek mulang pilih kasih. Akhire Durna ngundang muridte cah pandhawa. “ He Werkudara, wonten napa guru, Reneo ngger iki enek gawean kowe tak kon nggolekki susuhe angin, susuh asngin iki manggone ona tengahing alasnggone sing paling angker. Banjur Werkudara budal menyang tengah alas.
Ana ing satengahing alas ora mati. Sengkuni seneng ngertyine Werkudara mati. Ananging werkudara ora mati. Werkudara bali terus Durna ngomomg, sabenere susuhe angin ora ana ing tengah alas nanging ana ing tengahing samudra, opo bener guru ? iyo bener. Werkudara budal njegur ana ing tengahing segara. Ananging Werkudara ora matimalah oleh bojo yoiku Dewi Urang Ayu banjur nduwe anak siji jenengeRaden Anta Reja. Kajaba oleh Bojo Raden Werkudara bisa ketamu karo gurune ;kang sejati yaiku Dewa Ruci. Guru iki ning menehi ngilmu kasampurnaning urip. Yoiku yen agama islam Rukun Islam.
Sateruse Raden Werkudara luwih sampurna. Sateruse banjur bali nyang Ngastina maneh. Kajaba Dewi Urang Ayu isih nduwe bojo maneh. Ana ing balai sigolo-golo Pandhawa karepe arep dibakar marang wong Ngastina, ananging ora kebakar, Raden Werkudara isa nggawa dulure lan ibune loncat ambles bareng nggarangan putih kang ambles nyang tengahing bumi. Barebg wus teko jerone bumi garangan putih malih rupa dadi wujud Dewi Naga Gini. Sanajan anak ulla nanging awujud manungsa banjur Werkudara ngepek bojo Dewi Naga Gini. Nduwe anak jenenge Anta Sena. Nalika babad wanamarta werkudara ana ing Pringgandani ketemu wanita wujud buta wadon jenenge Dewi Arimbi. Banjur dipek bojo maneh nduwe anak jenenge Raden Gatut Kaca ( purbaya, Koco Negara, Krincing Wesi ).
Gatut Kaca nduwe busana peparinge Dewa wujud kotang antra kusuma, kasiate : yen ngagem bisa mabur tanpa lar, bisa mletik tanpa sutang. Kajaba kwi nuwe caping basunanda, kasiate : yen ana udan ora bakal kudanan, yen panas ora bakal kepanasan. Raden Werkudara uga diarani paneggak Pandhawa amargo dadi bentenge Pandhawa.
DASANAMANE WERKUDARA
 Bayusuta
 Ballawa
 Bratasena
 Bhima
 Birawa
 Dandunwacana
 Nagata
 Kawara
 Sena
 Wijasena
 Pandhusiwi
 Kusumayudha
 Kusumadilaga.
3. RADEN JANAKA
Raden Janaka nduweni bojo loro yoiku Dewi wara Sembadra karo Dwi Wara Srikandi. Janaka karo Dewi Wara Sembadra nduwe anak jenenge Raden Abimanyu nduweni klasatrian ing Plangka wati. Anake Raden Abimanyu karo dewi untari nduwe anak jenenge Raden Pari Kesit kang bakal dadi Raja ing Ngastina.
Sifate Raden Janaka : alus, sabar, jujur, uga dadi lananging jagad amarga janaka bisa nglakani telung perkara, yaiku :
1) Kapan wae Dtewa ngudunake wahyu Janaka bisa nampa.
2) Kapan wae ana peperangan Janaka mesti unggul.
3) Ngendi wae ana wanita kang ayu banget janaka mesti ana.
DASANAMA
* Kiritin
* Parta
* Pritaputra
* Permadi/Pamade
* Dananjaya
* Kumbalyali
* Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)
* Pandusiwi
* Indratanaya
* Jahnawi
* Palguna
* Danasmara
* Margana
* Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)

Lelanang ing Jagad

Amarga kondhang bagus, Arjuna duwe bojo akeh. Malah ing lakon Arjuna Wiwaha kang dijupuk seka Kitab Kakawin Kakawin Arjuna Wiwaha , Arjuna diparingi widodari-widodari dening dewa.

* Dewi Sumbadra, peputra Abimanyu
* Dewi Larasati, peputra Sumitra.
* Dewi Srikandhi.
* Dewi Ulupi/Palupi, Irawan
* Dewi Jimambang, peputra Kumaladewa lan Kumalasekti.
* Dewi Manuhara, peputra Pregiwa lan Pregiwati
* Dewi Dresanala, peputra Wisanggeni.

Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwane wayang liya, yaiku Dewi Banowati. Nanging sawise rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora ketung mung sewengi.

Aji-aji

* Palimunan = bisa ngilang.
* Tunggengmaya = bisa gawe banyu.
* Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah.
* Mayabumi = bisa ngalahke mungsuh.
* Pengasih = disenengi wong akeh.
* Asmaragama = ngelmu saresmi.

Gaman

* Pecut Kyai Pamuk
* Keris Pasopati
* Panah Sangkali
* Panah Cundhamanik
* Ali-ali Mustika Ampal
* Trompet Dewadata
* Keris Pulanggeni
* Sarotama
* Keris Kyai Kalanadhah

4. NAKULA ( pingten )

Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.


Nakula nduwe garwa Dewi Suyati seka Awuawulangit. Sakloron peputra Pramusinta lan Pramuwati. Iki yang manut Pustaka Raja. Yen manut Purwacarita, garwane Nakula iku Dewi Srengganawati seka negara Gisiksamodra utawa Ekapratala, lan peputra Dewi Sri Tanjung.

Nakula nduwe watak jujur, welas asih, lan bisa njaga wadi. Dening Bathara Indra, Nakula diwenehi cupu kang bisa nguripke wong kang mati sadurunge wektune. Ing Bharatayudha, Nakula lan Sadewa ngrewangi nyedhaki Salya supaya menehi ngerti apa pangapesane. Mula Salya masrahake kratone marang Nakula. Dadine, sawise perang iku, Nakula nguwasani ing Madraka. Nanging dening Yudhistira, Nakula banjur diangkat dadi patih.

Sifate : jujur, alus, sabar, ntriman.




5. SADEWA
Ing Mahabharata, Sadewa iku jenenge Sahadewa. Nalika cilik jenenge Tangsen. Dheweke salah sijining Pandhawa. Tangsen iki jenenge wit-witan kang godhonge bisa digawe obat. Kaya dene sedulur kembare, Nakula, Satriya kang manggon ing Bumiretawu iki kondhang amarga lantip ing prekara obat-obatan. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama-ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, dewane tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadewa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta.

Ing sawetara crita wayang, Sadewa lantip ing sasmita. Umpama Kresna ora ana, Sadewa kang sulih golek upaya. Nalika mboyong Dewi Srengginiwati seka Gisiksamodra, Sadewa kang bisa mbabar sayembara ngenani “sejatining lanang, sejatining wadon.” Jejodhoan iki nurunke putra Widapaksa utawa Sidapaksa.

Ing lakon liyane, Sudamala, Sadewa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali maneh dadi ayu. Ing versi India, Sahadeva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadeva kang bisa ngalahake lan mateni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni). Ing crita pedhalangan, Sangkuni dipateni dening Bima.

NEGARA NGASTINA
Destra Rastra kuwi nurunake darah kuru yoiku nduwe anak kang cacahe satus, sifate brangasan, seneng ngumbar hawa nafsu, ankara ,murka. Anake yoiku:
1. Prabu Duyudana ( kuru pati, suyudana ) nalendra ing Ngastina bojone Dwei Banowati nduwe anak loro yoiku, Lesmana Mara Kumara lan Lesmana Wati. Sifate seneng ngumbar hawa nafsu, angkara murka, molimo.
2. Reden Dursa Sanasatria ing Mbanjar Jumput. Senengane mangan, ngombe, angkara murka, molimo dirambai kabeh, ngguyu.
3. Raden Karta Marma, pangeran paniti satra. Sifate seneng ngumbar hawa nafsu, angkara murka, molimo.
4. Raden Jaya Jatra, kasatriane Buwana Keling. Sifate seneng ngumbar hawa nafsu, angkara murka, molimo.
5. Durma Gati manggan ing Ngastina, Sifate seneng ngumbar hawa nafsu, angkara murka, molimo.
6. Raden Aswa Cana anakke pendita durna caritane anakke karo sawijine Turangga ( jaran ), Sifate seneng ngumbar hawa nafsu, angkara murka, molimo.
7. Citraksa manggan ing Ngastina, Sifate seneng ngumbar hawa nafsu, angkara murka, molimo.
8. Citraksi manggan ing Ngastina, Sifate seneng ngumbar hawa nafsu, angkara murka, molimo.
9. Prabu Basu Karna ( dudu keturunan ngastina )
Sebabpe Ngestina iku dadi elek mung .amarga tingkah polahe sengkuni.

DUMDINE PERANG BARATA YUDHA
Nalika semana negara Ngastina Rajane Prabu Dewa Nata diwenei wewaler ora oleh kumpul karo bojone. Ndelalah oleh wangsit yan arep dicabut nyawane. Sadurunge mati pasrah marang kakange. Pramila sawetaqwis kula titip nagara Ngastina dumatheng kangmas. Nek anakku wus gedhe njur balekna nyang anakku.
Prabu Destra Rastra nduwe patih Sengkuni ( wong jail ) Sengkuni lapor karo gustine yen Jganda Mana mati, banjur Sengkuni diangkat dadi Patih.klebu bojone Ganda Mana. Mbabjur mbukak omah Kepatihan methukki bojone Ganda Mana karepe arep digandrungi ananging bojone Ganda Mana mlayuminggat teka kapatihan. Nalika mlayu teka ngalas kepethuk bojone, sateruse segkuni di ajar entek-entekan mrang Destra Rastra.

Destra rastra malah ora menehne negara Ngastina marang Pandhawa nanging malah diregem dewe. Wusanane Pandhwa njaluk negara Ngastina Dibelekne. Ananging ora diwenwhne, akhire dadi Perang Barata Yudha. Wusanane kurawa kalah mati kabeh.








Tidak ada komentar:

Poskan Komentar